ASSALAMMUALLAIKUM WR. WB
Alhamdulillahi
rabbil ‘alamin asholatu wassalamu ‘ala asrofil anbiyai wal mursalin wa’ala
alihi wasohbihi ajma’in (ama ba’du)
Ingkang kawula
hormati para alim saha para ingkang kita taati fatwanipun
Ingkang kawula hormati para sepuh
saha aji sesepuh
Ingkang hawula hormati bapak/ibu,
sedayanipun tamu undangan
Minangka purwakaning atur, sumengga
kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ing ngrsanipun Gusti Allah SWT,
ingkang sampun paring rahmat lan kanikmatan dhumateng kita sedaya sahingga
wonten dalu punika kita saget makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan
setunggal punapa. Shalawat saha salam mugi kunjuk ing ngarsanipun kajeng Nabi
Muhammad SAW ingkang sampun ngrubah kita sedaya saking jaman jahiliyah tumuju
jaman islamiyah, saengga
benjeng ing yaumul akhir mugi-mugi kita
tansah pikantuk syafaatipun. Amin!
Saklajengipun bok bilih panampi kula
minengkani pranata hadicara kirang mranani ing penggalih kula nyuwun
pangapunten.
Pramila, keparenga kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun
rinancang dening panitia:
· Adicara
ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.
· Adicara
ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an.
· Ndungkap
adicara ingkang
angka tiga, inggih punika sambutan-sambutan.
· Kalajengaken adicara
ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara ingkang
inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenengan Bpk. Drs. KH. Muhammad Salim.
· Wondene adicara ingkang
pungkasan, nun inggih panutup.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara
wonten ing dalu punika kita awiti kanthi maos basmalah sesarengan.
(Bismillahirrahmannirrahiim)
Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an,
ingkang dalu punika badhe dipun aturaken dening sedherek
Amin Subakti.
Dhumateng Sedherek Amin Subakti kawula sumanggaaken.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kita lumebet dhumateng
tataran adicara ingkang angka ketiga, inggih punika sambutan-sambutan.
Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe
dipun sarirani dening panjenengan Bapak Yudhiono. Dhumateng panjenengan
kawula sumangga’aken.
Saklajengipun, sambutan ingkangkaping
kalih, inggih punika saking bapak Kepala Desa. Dhumateng panjenengan Bapak Agus Yono, kawula sumangga’aken.
Hadirin wal hadirat rahimakumullah.
Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarsa
panjenengan sedaya.
Saklajengipun, lumebet dhumateng
adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti, Pengaosan Akbar babagan
Isra’ Mi’raj ingkang wonten ing kalenggahanpunika badhe dipun wedharaken dening
Panjenenganipun Bapak Drs. KH. Muhammad Salim. Kula sumanggaaken.
Para lenggah ingkang kinurmatan, menika kala
wau wosan babagan Isra’ Mi’raj, supados langkung saged nggadhahi wawasan lan
semangat amalipun.
Acara engkang
terakhir inggih punika panutup, kita tutup waosan hamdallah. kula atur aken
(Alhamdulillah)
Para rawuh
ingkang kawula hormati, dungkap acara ing pungkasaan, kawula minangka pranata adicara mbok bilih wonten klenta
klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula
nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Billahi taufiq wal hidayah, wal ridha
wal inayah.
Wassallamu’alaikum Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar