Jumat, 02 Maret 2018

teks MC basa jawa



ASSALAMMUALLAIKUM WR. WB

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin asholatu wassalamu ‘ala asrofil anbiyai wal mursalin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in (ama ba’du)


            Ingkang kawula hormati para alim saha para ingkang kita taati fatwanipun
            Ingkang kawula hormati para sepuh saha aji sesepuh
            Ingkang hawula hormati bapak/ibu, sedayanipun tamu undangan
           
          Minangka purwakaning atur, sumengga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ing ngrsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan kanikmatan dhumateng kita sedaya sahingga wonten dalu punika kita saget makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan setunggal punapa. Shalawat saha salam mugi kunjuk ing ngarsanipun kajeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun ngrubah kita sedaya saking jaman jahiliyah tumuju jaman islamiyah, saengga benjeng ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amin!

          Saklajengipun bok bilih panampi kula minengkani pranata hadicara kirang mranani ing penggalih kula nyuwun pangapunten. Pramila, keparenga kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening panitia:

·      Adicara ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.
·      Adicara ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an.
·      Ndungkap adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan-sambutan.
·      Kalajengaken adicara ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara ingkang inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenengan Bpk. Drs. KH. Muhammad Salim.
·      Wondene adicara ingkang pungkasan, nun inggih panutup.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu punika kita awiti kanthi maos basmalah sesarengan. (Bismillahirrahmannirrahiim)

Adicara ingkang angka kalih, badhe  katur waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an, ingkang dalu punika badhe dipun aturaken dening sedherek Amin Subakti. Dhumateng Sedherek Amin Subakti kawula sumanggaaken.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kita lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka ketiga, inggih punika sambutan-sambutan.

Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenengan Bapak  Yudhiono. Dhumateng panjenengan kawula sumangga’aken.

Saklajengipun, sambutan ingkangkaping kalih, inggih punika saking bapak Kepala Desa. Dhumateng panjenengan Bapak Agus Yono, kawula sumangga’aken.

Hadirin wal hadirat rahimakumullah. Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.

Saklajengipun, lumebet dhumateng adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti, Pengaosan Akbar babagan Isra’ Mi’raj ingkang wonten ing kalenggahanpunika badhe dipun wedharaken dening Panjenenganipun Bapak Drs. KH. Muhammad Salim. Kula sumanggaaken.

Para lenggah ingkang kinurmatan, menika kala wau wosan babagan Isra’ Mi’raj, supados langkung saged nggadhahi wawasan lan semangat amalipun.

Acara engkang terakhir inggih punika panutup, kita tutup waosan hamdallah. kula atur aken (Alhamdulillah)

Para rawuh ingkang kawula hormati, dungkap acara ing pungkasaan,  kawula minangka pranata adicara mbok bilih wonten klenta klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
 
Billahi taufiq wal hidayah, wal ridha wal inayah.
Wassallamu’alaikum Wr. Wb